Halaman

Selasa, 02 Oktober 2012

Kang Daktresnani



Grimis nelesi sore iki
Ngelingi dina nyedhaki wengi
Ketir-ketir rasa sajroning ati
Eling sliramu kang daktresnani
Adoh sajroning lelakonmu
Neng saba paran lelumpuk ngelmu
Banget kangening atiku
Kepengin bias kepethuk sliramu

Dhuh pepujanku
Sliramu kang nggawa kunci ning atiku
Aku bakal nunggu purnamu
Anggone golek mulyaning panguripan
Dongaku tansah lumintu kanggo sliramu

Dhuh Gusti
Rungokna swaraning atiku
Angin kang sumilir
Aturna salam kangenku
Kanggo sing daktresnani
Muga nang kana, ing saba paran
Slirane tansah eling lan setya tuhu
Marang janjine, marang sliraku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar